Social Icons

Senin, 22 September 2014

NGUDA RASA

bapak simbok , aku arep ngudo rasa
tulung lewat impen apa cara liya
aku dikandani lan diajari
carane supaya urip becik ora adigung adiguna
tansah tentrem anyem keluarga rukun karo tangga
merga wektu iki akeh ontran ontran
urip sing nggilani marekna puyeng sirah
wong pada ngomong adu sora lan pinter
tapi lakune urip pada keblinger.

aku esih kemutan jaman semana
dilawani rempah sega thiwul wadahi tampah
mangan brayan lawuh uyah karo gereh
kluarga ora tau congkrah la piye carane?
jelas nurut ilmu ekonomi kluarga kita mesti kaliren
tapi kok anakke pada waras pada bregas ora nggik ngiken

menawane panganan kang tak pangan
udu hasil apus2an marang negara apa liyan
iki sing marahi dewe kuwat najan urip kesrakat
parcaya Gusti kang murbeng dumadi paring rakhmat.

bapak simbok aku pamit bali nang papan makarya
pikiranku sing mumet pyar dadi padang
urip pancen kudu cekelan waton
kaya pangandikanmu mbok,..cengkir kencenging pikir
-->